Crita Mula-bukane Desa TANJUNGANOM

Wekdal punika, sakderengipun Desa Tanjunganom wonten, madeg kerajaan ingkang asmanipun kerajaan Darawati, ingkang ratunipun asmane Darawati. Ratu Darawati punika wanita ingkang ayu sanget, yuswanipun sampun sepuh, ananging Ratu Darawati taksih awet enom, buktinipun raupanipun Ratu Darawati tetep ayu saha seger.
Satunggalipun dinten, daerah sekitar kerajaaan Darawati wonten banjir ingkang ageng sanget. Daerah kalawau badhe roto kaliyan toyo. Daerah kalawau kados segara. Nanging, wilayah kerajaan Darawati punika wonten ing pinggiripun banjir utawi ing Semenanjung.
Supados Ratu Darawati mboten tansah kemutan, lajeng Raru Darawati nanem wit, wit kalawau saged nyedot toyo banjir, banjur wilayah punika dados daratan ingkang subur. Ratu Darawati kepengin daratan kalawau dados Desa ingkang makmur. Ratu Darawati lajeng  nimbali para dayang supados dipunajak rerembugan maringi asma desa punika. Ngertos-ngertos Ratu Darawati emut kaliyan tembung “Semenanjung” saha amargi Ratu Darawati ingkang taksih enom, saengga Ratu Darawati maringi asma daerah kalawau “Desa Tanjunganom”.

Nami      : Eka Sigit Ramadhan
Kelas      : IX-D
NO.Abs  : 11

Comments

Subscribe Us