Asal-usule Kutha PATI Pesantenan

Ing Pantai Lor Pulo Jawa (Pantura), sekitar Gunung Muria bagian Wetan, ana penguasa sing kasebut Adipati, wilayah kekuasaane kasebut kadipaten. Ana penguasa loro jaman iku yaiku kadipaten Paranggaruda lan kadipaten Carangsoka. Kadipaten Paranggaruda dipimpin Adipati Yudhapati, wilayahe saka kali Juwana mengidul nganti pegunungan gamping lor batesan karo wilayah kabupaten Grobogan. Yudhapati nduweni putra jenenge Raden Jasari.Sawetara iku, kadipaten Carangsoka dipimpin dening adipati Puspa Andungjaya, wilayahe saka lor kali Juwana nganti Pantai Lor Jawa Tengah bagian Wetan. Adipati Carangsoka nduwe anak wadon jenenge Rara Rayungwulan. Kacarita, lelorone kadipaten iku urip rukun padha ngurmati siji lan sijine. Kanggo nglestarekake pasedulurane, penguasa Kadipaten sarujuk ndaupake putra lan putrine. Adipati Paranggaruda ngirim utusane nglamar Rara Rayungwulan, putrine Adipati Carangsoka. Lamarane ditampa, nanging calon penganten putrid njaluk bebana supaya ing acara pahargyan boja wiwaha dhaup dimeriahake pagelaran wayang kanthi dalang kondhang sing jenenge Sapanyana. Kanggo nglurusake bebana iku Adipati Paranggaruda yaiku Adipati Yudhapati nugasake Yuyurumpung, penggedhe ing Paranggaruda. Kanggo nglaksanakake tugase, Yuyurumpung niat nglumpuhake wibawa kadipaten Carangsoka kanthi cara nguasai pusaka piyandele kadipaten Carangsoka pusaka keris rambut pinutung lan kuluk kadigoro sing diduweni raden Sukmayana, penggene Majasemi, salah sijine bagian kadipaten Carangsoka. Pusaka loro kasil kajupuk kanthi bantuan Sondong Majeruk, wong sekti ing Paranggaruda. Nanging sak durunge diwenehake Yuyurumpung, pusaka loro bisa direbut dening Sondong Makarti sala Wedari. Wasana Sondong Majeruk mati, pusaka keris rambut pinutung lan kuluk kanigara diaturake Raden Sukmayana. Sanadyan mangkana Yuyurumpung kasil nerusake tugase nggoleki dhalang sapanyana supaya dhaupe putra adipati parang garuda lan putrine adipati Gatangsoko bisa kaleksanan. Nanging ngepasi acara resepsi nembe kawiwitan, penganten putri ninggalake kursi penganten menyang panggon lan mlayu karo dhalang Sapanyana saengga dhaupe Raden Jasati lan Rara Rayungwulan ora sida dileksanakake. Adipati Yudhapati rumengsa diasorake, akhire mutusake memungsuhan karo adhipati puspa andungjaya. Kadipaten loro sing rikala semana urip rukun akhire perang. Ana ing paperangan iku, pemimpin prajurit kadipaten Carangsoka, Raden Sukmayana gugur lan digentani adhike yaiku Raden Kembangjaya. Kanthi dibantu dalang Sapanyana sing nggunakake pusaka sekti, kasil menang ana ing paperangan lawan kadipaten Paranggaruda. Adipati Paranggaruda Yudhapati lan putrane Raden Jasari gugur. Karana jasane Raden Kembangjaya didhaupake karo Rr. Rayungwulan lan diangkat ngganteni Yudhapati dadi adipati, dalang Sapanyana diangkat dadi patih kanthi gelar Singasari. Kanggo ngatur pemerintahan sing ditambah amba ngidul, adipati R. Kembangjaya mindahake pusat pemerintahan ana ing desa Kemiri kanthi ngganti dadi kadipaten Pesantrenan lan jejuluk adipati Jayakusuma. Raden Jayakusuma nduweni putra jenenge Raden Tambranegara.

Kanggo ngembangake pembangunan lan pemerintahan, Raden Tambranegara mindahaken pusat pemerintahan sing sakdurunge ana ing Kemiri arah ngulon ing desa Kaborongan, jeneng Pesantenan uga diganti dadi Kadipaten Pati.Kedadeyane saka lamaran bupati Prabala Pati ngalamar putri Parang Garuda. Wektu rombongan pengiring tekan dalan, wayah kewengen tur podo kesel.Rombongan leren lan keturon,”tangi wes pajar”. Gedandapan rumongso karipan. Rombongan pimpinan mau waskita ngucap, ”sakreja-rejane jamanpanggonan iki iso di arani koripan”. Saiki di kenal koripan nggriyo. Banjur rombongan mbajutke anggone sing mlaku.Wektu iseh isuk ketemu kalih warga sing podho angon ternak sapi, kebo, wedhus, lsp. Rombongan mandek banjur kaucap sak reja-rejane jaman desa iki keceluk desa pangonan. Sakwetara rombongan mlaku marak ngidul, kira-kira nembe pirang langkah pengiring mau wetwngw kerasa ngelih sebagian podo nyuwun leren sarapan,sebagian usul neruske melaku. Rombongan ngadudon kuwi mau pimpinane ngucap ngene. ”yen leren sarapan iki wayahe  wes nanggung ya, mengko mundak kewengen maneh”. Pemimpin mau ambegan turu nyabda huuu…” saksekno ya dulur-dulurku kabeh ojo do padudon wayahe iki wes nanggung dadi sak reja-rejane jaman desa iki kacelok desa penanggungan. Rombongan tambah akih, melaku ngidul dugi  prapatan. Kabeh podo bingung arah sing di lewati kudu ngendi, ngulon, ngetan opo ngidul. Opo meneh wayahe srengengene mletek awan.Gandeng do bingung lan kesel, rombongan leren amarga ing sebelah kulon akih wit sing kaya wit turi,adem dadekna tambah ngantuk. Kabeh leyeh-leyeh ing ngisor wit turi. Kanggo ninggal tilas pimpinan rombongan nyabda maneh wit sing di nggo leyeh-leyeh iki koyo wit turi, ning wit gabus, amarga ning tengahe wit iki empuk, mangkasak reja-rejane jaman desa iki kaceluk desa gabus.Lha panggonan kuwi pase ya prapatan tugu gabus. Bentuk ipun  kados ulam gabus, anangin warga nyebat ulam kuthuk. Mboten wonten ingkang utami saking jawinipun, kados ulam ulam sanesipun. Hanamung ndasipun ingkang mirip sawer katimbang ulam. Rumiyin, warganipun masyarakat nyariosaken bilih ulam kuthuk gesang sesarengan kaliyan sawer toya. Ngantos piyambakipun wastari dening warga punika sesemahan. Sawer dados garwanipun lan ulam kuthuk punika semahipun prekawis punika dados kasunyataan, warga ning dhusun mboten wonten ingkang wantun nyepeng ulam kuthuk punika awit ajrih menawi dipun dhatengi sawer toya. Sanadyan ulam punika sampun wonten ing klambu jaring, dipun wangsulaken malih, awit ajrih menawi brayatipun didhatengi kaliyan garwa ulam inggih punika sawer toya. Langkung sae menawi punika mboten nyepeng ulam senadyan mboten pikantuk punapa-punapa.
Senadya sampun mengertos,anaging wonten ugi warganipun masyarakat ingkang nyepeng ulam punika, awit mboten wonten pilihan malih. wonten sawetawis wekdal, salah satunggaling warga masyarakat punika ingkang nyepeng ulam kuthuk lan dipun bektawangsul lajeng dipun masak. Senadyan ibu punika sampun paring pitutur, supados mboten sisah nyepeng ulam kuthuk punika, ananging bapakipun paring wangsulan mboten punapa, amargi punika sampun dados tanggel jawabipun tiyang jaler kangge nyekapi kabutuhan ing braya.

Ulam kuthuk kala wau dipun masak, gondho arum saking ulam punika karaosaken wonten ing sadusun. Warga dusun lajeng nggoleki asal muasal gondho arum punika. Lajeng pinanggih ing salah satunggaling griya, tiyang ingkang kagungan griya ngadang warga penduduk ing griyanipun sembari lenggah ing tengah kori. Salah satunggaling warga penduduk punika nyuwun pirsa, kengeng punapa griya panjenengan ngedalakengondho ingkang arum? wangsulanipun ingkang kagungan griya,mboten wonten punapa namung gondho saking lisah zaitun ingkang kula panggihaken ing sak pinggiripun lepen. Punika lare-lare kula nembe ngangge lisah punika. Amarga katrangan bapak ingkang kagungan griya, senadyan piyambakipun punika goroh. Awit garwanipun ingkang kagungan griya punika taksih was sumelang lan dereng mantep,jalaran mboten ngertos gondho arum ulam kuthuk dimasak. Semanten ugi ingkang kagungan griya dipun anggep jujur, pramila warga masyarakat ing dusun punika lajeng sami wangsul lan sami paring pangandikan bilih piyambakipun punika tiyang ingkang jujur, pramila dipun kupengi dening gondho ingkang arum.

Sinten ingkang mengertosi, bilih gondo arum ingkang kolo wau punika sumebar ing dusun, dados gondho ingkang ngedalaken gondho arum kolo wau warga masyarakat dados kaget awit griya kula wau sepen lan mboten wonten tiyang ingkang wonten ing jawi griya. Lajeng salah satunggaling warga, kanthi nutup irungipun mlebet wonten griya punika manggehaken brayat ingkang sampun pejah lan ical awakipun warga punika ugi manggihaken bekas tlapak sawer ing griya punika lan ndas ulam kuthuk sami sumebar ing ngandhap meja. Saksampunipun prekawis ingkang kedadosan ing brayat punika, sedaya warga masyarakat ing dusun punika sami  ajrih. Wekdal jawah dhateng, ing pundi kemawon ulam kuthuk punika sami medal lan kemambang ing toya, ananging mboten wantun sami mundhut ulam ipun. Warga penduduk luwih remen nyambut damel sanesipun katimbang mundhut ulam kuthuk.

Wekdal ingkang kalampahan bena dateng, kathah griya ingkang kelem  amarga bena punika, mekaten ugi sato kewan ugi mboten mangertos kawontenanipun, mekaten ugi sawer toya lan ulam kuthuk. Kasangsaran soho malapetaka dhateng ing dhusun punika mboten amung manungso ingkang sangsoro sato kewan ugi ing dusun ngriku ngeraosaken kadosdene manungso. Kasangsaran mboten dipun raosaken dining ulam kuthuk ugi sawer toya. Ulam soho sawer kados kicalan pangemut-emut lan  mboten saged sesarengan. senadyan ajrih lan khawatir ical ulam kuthuk lan sawer toya, warga masyarakat ngeraosaken ajrih ingkang makaten.kantor ing dusun sebelah ler sesampunipun kedadosan punika dusun gabus dados dusun ingkang sae ekonominipun soho kegiatan mlampah sae maleh. Makaten ugi amargi wonten tiyang enggal ing dusun punika ingkang mboten mangertos ingkang sampun klampahan, piyambakipun namung nindakaken ingkang dados pendamelanipun kangge nyekapi kabetahan brayat.

Samongso penduduk ingkang enggal kolo  wau dateng wonten lepen, lajeng menggehaken kayu lan karung ingkang kathah ulamipun piyambakipun lajeng pitaken,kengeng punapa tiyang-tiyang kok mboten sami nyepeng ulam-ulam punika? Kanthi kaeraman. Tiyang enggal kolo wau  mundhut ulam-ulam punika lajeng dipun asto, lan dipun sade wonten peken. Sak sampunipun dumugi ing ngriku, piyambakipun kaget awit tiyang-tiyang mboten purun tumbas, amargi ajrih kathah ugi tiyang ing peken punika sami duka lan peken punika sepen kathah masyarakat ing dusun punika sami ngamok, ananging tiyang ingkang enggal kolo wau acuh dhumateng prakawis punika. Piyambakipun lajeng wangsul, lan masak ulam-ulam punika kaliyan brayatipun.sadinten muput brayat-brayat ing dusun punika sami kabingungan amargi mboten wonten gondho ingkang arum. Medal saking griya punika kosokwangsulipun gondho arum mboten medhal temahan dadosaken kabingungan warga dusun. Wiwit wanci dalu warga dusun mboten wantun sami medhal saking griyanipun piyambak-piyambak. Tiyang-tiyang sami ngurung wonten ing griya, ing enjangipun mboten wonten prakawis ingkang kedadosan ing dusun ngriku kathah tiyang ingkang sami nyuwun pirso. Prakawis punika,amargi tiyang-tiyang ing dusun punika badhe nyambut damel dereng saget amargi taksih wonten raos ajrih. Ingkang dados pitakenan saking tiyang-tiyang dusun,kok mboten wonten punapa-punapa tumprap brayat tiyang enggal engkang sampun masak ulam kuthuk punika.

Sesampunipun prakawis punika mboten ndhatengaken prakawis ing pangesanganipun, warga dusun lajeng sami medal lan nyambut damel kados ing sadintenipun. Anangin, kathah ugi tiyang-tiyang ingkang taksih ngendem pitakonan, punapa tiyang niku kagungan ilmu kanuragan?

Kawit prakawis punika sampun mboten bab ingkang damel ajrih soho kesrakatan ing dusun punika,warga dusun mboten malih ajrih dhumateng ulam kuthuk ngantos samangke,kathah tiyang ing dusun punika sami dhahar ulam kuthuk ananging ugi kathah tiyang kanthi kapitadhosanipun dereng lan mboten dhahar ulam kuthuk.
Makaten menggah asal usulipun dusun gabus, mugi ndadosaken penggaleh.


DESI FITRI ANI -9E/11 SMP Negeri 1 Gabus

Comments

Subscribe Us