Tembang Macapat

TEMBANG

Tembang iki klebu golongane basa kang pinathok, kaiket ing wewaton warna-warna, yaiku:
– cacahing gatra saben sapadane (guru gatra),
– guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra,
– guru lagu (dhong-dhing) yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra.

Tembang Jawa iku lumrahe kapilah dadi 3 golongan, yaiku : tembang Alit (Macapat), tembang Tengahan lan tembang Gedhe.
Tembang Macapat
Tembang macapat yaiku tembang kang nganggo wewaton (guru) mangkene :
a. Guru gatra
b. Guru wilangan
c. Guru lagu
unen-unen ing tembang iku diarani cakepan.

Cacahe tembang Macapat ana 11 iji :
1. Pucung : 4 gatra (12u, 6u, 8i, 12a)
2. Maskumambang : 4 gatra (12i, 6a, 8i, 8a)
3. Gambuh : 5 gatra (7u, 10u, 12i, 8u,8o)
4. Megatruh : 5 gatra (12u, 8i, 8u, 8i, 8o)
5. Mijil : 6 gatra (10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u)
6. Kinanthi : 6 gatra (8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i)
7. Durma : 7 gatra (12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i)
8. Pangkur : 7 gatra (8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i)
9. Asmaradana : 7 gatra (8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a)
10. Sinom : 9 gatra (8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a)
11. Dhandhanggula : 10 gatra (10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12e, 7a)

CAKEPAN TEMBANG ASMARADANA 

Tresna utawa kasmaran,
Kuwi muncule amargi,
Jalaran Ngrasakake ayem,
Dadi tresna kuwi ora,
Bisa dipeksa-peksa,
Lan yen golek garwa kudu, 
Gadah rasa tresna tenan.

Ujian Praktik 2016 (9B-09)
Nami : Dhimas Rizky Septian
No     : (9)
Kelas : (9-B)

Comments

Subscribe Us