Sedekah Bumi Dukuh Paras Desa Tanjunganom

Sedekah Bumi
Dukuh Paras Desa Tanjunganom

Assalammu’alaikum WR.WB.

Dinten Kemis, tanggal 27 Agustus ing Dukuh Paras wonten pagelaran Kethoprak Siswo Budoyo ingkang ngemot carito “Rujak Beling”. Pagelaran kethoprak punika kangge nguri- uri budoyo saha kangge pengetan sedekah bumi. Sedekah bumi dipunanakake kangge wujud roso syukur saha wujud ternuwun marang Gusti ingkang Maha Suci ingkang sampun maringi rahmat awujud panen ingkang kathah. Pagelaran kethoprak  dipungelar ngantos sedinten sedalu.

Adicara kaping setunggal wonten kondangan/kajatan ing Punden. Lajeng dilanjutaken tontonan barongan. Adicara sesampunipun barongan, lajeng wonten pementasan tari-tarian saking lare didik TK. Sesampunipun pementasan tari, inggih punika pagelaran kethoprak ingkang dipunwiwiti pambuka saking Mbah Petengan.lajeng, carito pagelaran kethoprak nembe dipunwiwiti.

Poro warga Dukuh Paras podho bebarengan tumuju ing pagelaran kethoprak. Kahananipun nalika iku rame sanget. Kathah bakul-bakul podho sadeyan mawarno- warno dhaharan, unjukan, saha dolanan.  Mboten saking Dukuh Pras mawon ingkang mirsani kethoprak, nanging ugi saking liya desa.  Pas adegan perang- perangan, parakadang ingkang mirsani podho wigati sanget.

Sesampunipun perang-perangan, dipunlanjutaken nyanyi-nyanyian saking rencang kethoprak ingkang estri. Sesampunipun kuwi, lajeng dipunlanjutaken dagelan. Pas adegan dagelan parakadang podho ngguyu kepingkel- pingkel saha bungah amargi mirsani dagelan ingkang lucu sanget. Salajengipun pidunterusaken carito “Rujak Beling” sekedap banjur rampungsaha parakadang ingkang mirsani podho budhal.

Cekap semantan anggene kawula matur, mbok bilih wonten kalepatan anggene kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten. Matur suwun. 
Wassalammu’alaikum WR. WB. 

Ujian Praktik 2016 (9B-15)
Nami        : Frista Ayudya Ariyani 
Kelas        : 9B 
No. absen : 15

Comments

Subscribe Us