Sedekah Bumi Desa Gabus Pati

Wonten dhusun gabus punika saben setaun sepisan ing wulan apet dipunwonten sedekah bumi.Sedekah bumi punika budaya ingkang kedah pun dilestarikaken, amargi sedekah bumi kalebet warisan budaya  saking leluhur. Kita ingkang dados generasi enom kedah jagi kalian kelestarikaken nipun mboten dipundut kalian negari sanes. Milanipun, kersanipun budaya kita mboten ical. budaya sedekah nika wonten kalih geh menika sedekah laut kalian sedekah bumi. Sedekah laut geh menika doa utawi bersyukur kalih allah SWT ingkang sampun maringi eiseki saking hasil laut kados to ulam, sarem. Menawi sedekah bumi geh menika doa utawi bersyukur kalih Allah SWT ingkang sampun maringi riseki saking hasil bumi kados to hasil tani geh menika wos,palawija. 

Ingkang biasanipun ing dhusun gabus geh meniaka sedseakah bumi. ingkang disiapaken kangge acara sedekah bumi katah sanget. Ingkang kedah disiapaken geh menika gunungan, wayang kulit, tari-tarian, jajanan, busana jawi ingkang dipun agem ingkang derk arak-arakan. Ingkang Derek arak-arakan geh menikas kepala dhusun sak seperangkatnipun, tokoh masyarakat, tokoh agama kados to tokoh agama islam, tokoh agama Kristen kalian tokoh agama sanesipun 

Ingkang disiapaken biasane kangge damel gunungan geh menika dek\leng,sayuran,kalian woh-wohan. Biasane wonten arak-arakan nika wonten tiang ingkang beta menyan kalih tombak, kalian busananipun rupinipun cemeng. Biasane acara seninipun dimanke dalu sak derangnipun arak-arakan. Arak-arakan dimainke enjing kalian mubeng peken.

Biasanipun sak sesampunnipun arak-arakan gungungannipun didongani ing panggenan ikang sampun disiapaken,biasanipun panggenan nika ingkang panggenan kangge acara seni. Sesampunnipun didongani gungungan nika ingkang isinipun woh wohan, sayuran, kalian palawija kla wau dipunduti kalian warga dhusun gabus.
Sesampun niku acara sedekah bumi dirampungaken.

Ujian Praktik 2016 (9A-11)
NAMI   : FIKA SETIANI
KELAS  : IX-A
NO      : 11

Comments

Subscribe Us