Asal-usule Desa Tanjunganom

Wekdal punika, sakderengipun Desa Tanjunganm wonten, madeg kerajaan ingkang asmanipun kerajaan Darawati, ingkang ratunipun asma Darawati. Ratu Darawati punika wanita ingkang ayu sanget, yuswanipun sampun sepuh, nanging Ratu Darawati punika taksih awet enom, buktinipun raupanipun Ratu Darawati tetep ayu saha seger.

Satunggalipun dinten, daerah sekitar kerajaan Darawati wonten banjir ingkang ageng sanget. Daerah kalawau badhe roto kaliyan toya. Daerah kalawau kados segara. Nanging, wilayah kerajaan Darawati punika wonten ing pinggiripun banjir punika utawi ing semenanjung.

Supados Ratu Darawati mboten tansah kemutan, lajeng Ratu Darawati nanem wit, wit kalawau saget nyedot toya banjir, banjur wilayah punika dados daratan ingkang subur. Ratu Darawati kepengen daratan kalawau dados desa ingkang makmur. Ratu Darawati lajeng nimbali para dayang supados dipun ajak rerembugan maringi asma desa punika. Ngertos-ngertos Ratu Darawati emut kaliyan tembung “Semenanjung” saha amargi Ratu Darawati ingkang taksih awet enom, saengga Ratu Darawati maringi asma daerah kalawau “Desa Tanjunganom”. 

Ujian Praktik 2016
Nami      : Eka Afit Wijayanti
Kelas      : 9E
No. ABS  : 13

Comments

Subscribe Us