Asal-usule Desa SUGIHREJO Gabus

Sadurunge desa sugihrejo digawe wonten sekawan dukuh yaiku dukuh popoh, kinjeng, singghan, lan pakis. Pas iku onten pertempuran antarane dukuh popoh lan desa gabus ing pertempuran iku gunakake keris. ing petempuran onten masalah cilik yakuwi salah paham lan salah sijine wong dipupoh. Akeh wong seng mati, salah sijine mbah guder. Jasad mbah guder dimakamke ing sekitar retek,sehingga ngasi saiki diparingi asma retek guder. Perkara jerik payah mbah guder ngasi saiki diparingi asma dukuh popoh.

Seteruse keris sing digunakke ing pertempuran iku disinggahke ing omah mbah slamet. Mbah slamet iku wong wadon sing dianggep sesepuh paling apek. Nganti saiki keris iku teseh lan makam mbah slamet dimakamke ing omahe. Saingga akhire disebut dukoh pasinggahan. Ing perjalanan bali, sekelompok wong sing ngembunyekke keris dihadang wong elek. Wong iku gunakake cemeti. Omah pas iku digawe soko pring, sehingga wong sing ono ing jero omah nginjen. Seingga ngasi saiki disebut dukuh kinjeng.

Sakwise masalah bar mbah merto guno dadi pemimpene. Pas iku onten 20 omah lan 60 jiwo menusa, rata-rata sak omah onten 3 wong. Gantine merto guno yakuwi petinggi two gantine mbah sarman. Pas iku dukuh dipimpin mbah sarman sekawan dukuh iku rakyate kaya-kaya lan akeh lowongan pekerja. Akeh wong soko deso laen luru pekerja. Mbah sarman ngundang sekawan kepala dukuh. Soko musyawarah iku disetuju sekawan dukuh didadekke siji yaiku sugih sing artine rakyat kaya lan rejo artine akeh wong luru perkerja. Sainggo ngasi saiki diparingi asma desa sugihrejo.

Ujian Praktik 2016 (9F-26)
Nami    : Reyna Tarisshania
Kelas    : IX-F
No.Abs : 26

Comments

Subscribe Us