Asal-usule Desa Angkatan Lor (Rujak Beling Ceprot Katan)

Nalika jaman rumiyin wonten setunggaling Kabupaten Grobogan ingkang dipunpimpin kaliyan Adipati Hario Puger ingkang gadhah garwa naminipun Rekno Kasihan. Satunggaling dinten wonten tamu ingkang sowan inggih punika Tumenggung saking Serang Banten ingkang gadhah nama Banteng Sura. Kaliyan sikap angkuh, Bupati Grobogan dipun suwuni tunduk kaliyan Tumenggung Banteng Sura. Ananging Adipati Hario Puger nolak saengga Tumenggung Banteng Sura murka, nglawan lan mejahi Adipati Hario Puger. Amargi taksih dereng puas,  Tumenggung Banteng Sura pengen nggadhahi garwa Hario Puger. Ananging Rekno Kasihan boten purun amargi tiyangipun taksih tresna sanget kaliyan Hario Puger lan tiyang ingkang badhe nggarwa inggih punika tiyang ingkang sampun tega mejahi garwa ingkang sanget dipun tresnani.

Pungkasane Rekno Kasihan kesah ninggalaken Kabupaten Grobogan. Ing tengah laku, Rekno Kasihan ningali wit ingkang boten temtu bentukipun, lajeng papan wau diparini nama lan dados Desa Rimalang punika. Rekno Kasihan nglajengaken lakunipun tumuju wetan paranipun. Wonten ing tengah-tengah laku, Rekno Kasihan boten papagan kaliyan tiyang lajeng ngongak-nganguk saengga dados Desa Ngangok. Lajeng Rekno Kasihan nglajengaken lakunipun, dumugi Suwaduk tiyangipun ketemu kaliyan kangmase ingkang gadhah asma Branjang Kawat.

Tumenggung Serang ingkang dereng puas, sareng-sareng kaliyan Adipati Mursiah lan Patih Rekno Daling nyerang Kabupaten Pati. Nalika semana Kabupaten Pati dipun pimpin kaliyan Adipati Joyokusumo lan Patih Penjaringan. Antaranipun Pati kaliyan Serang wonteng perang ageng lan Pati kalah. Lajeng Adipati Joyokusumo damel sayembara “sapa wae sing bisa ngalahke prajurit Serang, bakal dakangkat dadi Penggede ing Kabupaten Pati” 
Tiyang ingkang namanipun Ki Ageng Joko Sungging nyuba nglawan prajurit Serang ananging tiyangipun kalah lajeng mlayu tumuju Desa Suwaduk. Wonten ing ngriku wonten rebutan toya antaranipun Branjang kawat kaliyan:
  • Ki Ageng Soko
  • Ki Ageng Wareng
  • Ki Ageng Koripan
  • Ki Ageng Ngandong

Sedaya nglakukaken perang angkat junjung seleh lor seleh kidul. Saengga dadosaken Desa Angkatan Lor kaliyan Desa Angkatan Kidul saking tembung “angkat”.
Branjang Kawat ugi mireng sayembara ingkang diwara-warakake kaliyan Adipati Joyokusumo lan pengen nyuba sayembara punika. Saderengipun kesah perang kaliyan Banteng Sura,Branjang  Kawat cs sowan ing dalemipun Ki Gede Gesang nyuwun pitulungan. Ki Gede maringi saran supados nglakokaken perang berik. Lajeng Branjang Kawat cs majeng perang kaliyan Banteng Sura.
Nalika perang punika, Banteng Sura kapojok lajeng dados Desa Pojok. Papan ingkang dipun agem perang punika dipun wastani Desa Tengkrik saking tembung berik. Lan wonten ing ngriku Branjang Kawat maling Patih Rekno Daling.

Lajeng Branjang Kawat perang  kaliyan Banteng Sura. Saking perang punika Patih Rekno Daling ninggal lan dados Desa Kedalingan.  Benten kaliyan Adipati Mursiah ingkang ngungsi wonten satunggaling papan lan papan ungsian wau sakniki dados desa Kongsen.
Ki Ageng Joko Sungging ingkang nate kalah nglawan prajurit Serang, mireng kabar bilih sedaya prajurit Serang sampun kalah lan Tumenggung Banteng Sura ugi sampun pejah. Lajeng ki Ageng Joko Sungging ngadhep Adipati Joyokusumo lan matur menawi tiyangipun sampun saged ngalahaken prajurit Serang. Adipati Joyokusumo maringi medali lan hadiah marang Ki  Ageng Joko Sungging.

Prajurit Serang sampun kalah, Branjang Kawat cepet-cepet matur marang Adipati Joyokusumo. Ananging berita ingkang dipun aturaken dateng Branjang Kawat boten dipun percaya amargi Ki Ageng Joko Sungging sampun langkung riyen matur dumateng Adipati Joyokusumo. Mireng penolakan saking Adipati Joyokusumo, Branjang kawat nesu lajeng nglawan Adipati Joyokusumo, saengga kedadeyan perang Pati. Amargi saderengipun Branjang Kawat sampun perang nglawan prajurit Serang, badanipun sampun kraos kesel. Branjang Kawat mlayu teng sumur gowak lan ndelik wonten ing ngriku ananging dipun mangertosi dening warga Kabupaten Pati. Amargi Branjang Kawat kraos boten kiat malih lajeng ngendika “Aku ora bakal isa mati yen ora digrojog karo pecahan kaca utawa beling”. Sarampungipun ngendika punika lajeng sedaya pecahan kaca lan beling dipungrojogaken wonten ing sumur gowak ingkang dipun agem papan delika Branjang Kawat. Beling-beling wau dideplok ngantos Branjang Kawat seda. Lan saking prastawa punika, kedadeyan wau dipin asmani Rujak Beling Ceprot Katan.

Ana wong dagang njet, amarga dheweke kesel ngaso ing lapangan sing wis ana nalika liyane saka populasi iku ora , terlamun lan mbayangno sing aspiration kanggo mbukak titik sade ing lokasi strategis , iku amarga akèh wong pass .
liwat wektu bisnis sade panggonan njupuk crowded panuku njet lan rampung munggah bangunan omah sak wong sade .Nganti dusun disebut njetak dusun amarga njet didol ing kothak . liwat wektu panggonan menyang dusun a dipanggoni dening akeh wong .
Lan disebut ANGKATANLOR desa amarga sing wong yen sade tansah menyang lor utawa lor nggowo njet sing bakal ngedol désa iki disebut ANGKATANLOR desa. Crita iki asalé saka tiyang sing liwati .

Ujian Praktik 2016
Nami   : Dewi Widyawati 
Kelas   : 9B
No.abs : 08

Comments

Subscribe Us