Latihan Soal Bahasa Jawa

DEWARUCI

Kacarita nalika semana Pandhawa isih enom padha maguru marang Pandhita Durna, ing bab ngelmu perang, ngelmu migunakake gegaman, lan ngelmu kasekten. Pandhita Durna iku satemene wong pinter ing bab peperangan, nanging mentale ora kuwat. Para Kurawa ngreti miyure Durna mau, banjur dipigunakake kanggo ngarah sirnane Pandhawa. Pandhawa iku kekuwatane ana ing Bima (Wrekudara enom). Mula yen Bima sirna, Pandhawa uga gampang disirnakake. 

Sata Kurawa tumuli padha ngadhep Pandhita Durna, kanthi nggawa punjungan arupa bandha, dhuwit, sandhangan sing apik-apik lan mesthi bae panganan sing enak-enak, tanpa diweruhi Pandhawa. Kajaba saka iku Durna uga diuja, dituruti apa kang dadi karemane lan kasenengane.

Comments

Subscribe Us